Wong Banten

Peta Banten, Jawa Barat

Suku Banten, langkung pasipun Tiyang Banten minangka penduduk asli ingkang dumunung ing tilas laladan kekuasaan Kesultanan Banten ing njawi Parahiyangan, Cirebon lan Jakarta. Miturut sensus BPS taun 2000, suku Banten populasinipun 2,1% saking penduduk Indonésia.[1]

Tiyang Banten migunakaken basa Banten[2]. Basa Banten inggih punika salah satunggaling dhialèk basa Sunda ingkang langkung celak kaliyan basa Sunda Kuna. Bedanipun tata basa antawisipun Basa Banten lan Basa Sunda amargi wewengkon Banten boten naté dados péranganing Kesultanan Mataram saéngga boten ngenal tataran alus lan alus sanget ingkang dipunkenalaken déning Mataram. Basa punika dipunlestantunaken salah satunggaling kanthi program berita Beja ti Lembur ing basa Banten ingkang dipunsiaraken déning giyaran télévisi lokal ing wewengkon Banten.[3]

  1. [1]
  2. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-19. Dibukak ing 2013-01-05.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. [2]

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search